Thursday, 10 May 2018

Sembahyang Para Warga Bali wontên Pura Gowa Lawah

Hasil gambar untuk goa lawa bali
(sumber:http://indonesia-traveler.com/I/Bali-Travel-Klungkung.php)


Rikala sontên ing sapingiring pantai Sanur warga Bali ngwontênakên sembahyang saperlu ngabdi marang Hyang Widhi. Anggènipun para warga Bali nglampahi Sembahyang menika wontên saklêletipun pura ing sakngandhapipun gowa ingakng kawasatanan Gowa Lawa.

Gowa Lawa mênika  salah setunggaling objek wisata alam wontên ing Bali kejawi sêgatèn, gunung, saha objek wisata belanja. Wontên ing Guwa Lawa mênika para warga Bali kakung, estri, saha bocah bocah sami khusyuk anggènipun dedonga wontên ing mrika.

Pura wontên ing sakngandhapipun Guwa Lawa mênika ugi anggadhahi paugêran. Sintên kémawon  ingkang mlêbêt Pura mênika kedah nutup aurat ngagêm jarik ingkang dipunsamêktaakên déning panjagi. Lajêng tiyang èstri ingkag nêmbé ‘karawuhan tamu’ botên angsal mlêbet Pura mênika.
Pura mênika minangka pêparing saking Gusti ingkang kêdah dyukuri kanthi  dipun rumat saksaé-saénipun supados pêparingipun Gusti mênika sagêd lêstantun ngantos dumugi sakmangké. (LF)

No comments:

Post a Comment