Thursday, 10 May 2018

Tradhisi Sura wonten Magetan

Hasil gambar untuk bolu rahayu magetan
(sumber: https://jatim.antaranews.com/berita/118098/manisnya-roti-bolu-khas-magetan)


Tradisi sura wontên ing magetan menika kawastanan rayahan bolu rahayu. Bolu rahayu mênika minangka tandha raos puji nyukur dhumatêng Ngarsanipun Gusti kang murbeng gesang awit sih nugrahanipun warga Magetan cekap sandhang klawan têdha.

Adicara rayahan bolu rahayu mênika kawiwitan kanthi ngawontênakên pasar rakyat, kirab nayaka praja, rayahan bolu rahayu, lajeng kapungkasi kanthi pagêlaran ringgit wacucal sedalu natas, ingkang dhlangipun saking putra daerah.

Adicara rayahan Bolu Rahayu Mênika kawiwita déning pasar rakyat ingkang kalaksasnan wontên ing sak kidulipun alul-alun Magêtan. Ancasipun pasar rakyat mªnika kagêm sarana pamèran barang-barang tiyang Magêtan ingkang awuhud dhêdhaharan ugi piranti-piranti ingkang migunani.
Kalajêngakên kathi ngawontênakên lomba lêdhug sura. Ledhug sura mênika minangka ajang têtandhingan antawisipun bocah-bocah sêkolah ingkang wontên ing Magêtan. Mliginipun kagêm para siswa Sekolah Menengah Atas (SMA) saha Sekolah Menengah Kejuruan (SMK).

Lajêng siyangipun wosing adicara rayahan bolu rahayu, bolu mênika saksampunipun dipundongani dening para agamawan saha para tutuwa adat lajêng dipuninêpké wontên ing Surya Graha abolu menika dipundamêl rayahan  saksampunipun ngawontênakên adicara pisowanan antawisipun Bupati Magêtan kaliyan para kawula.

Bolu ingkang dipunrayah mênika wontên sêkawan warni, ingggih mênika awujud bedhug, gong, lêsung, gunungan lajêng katambahan setunggal mêlih awujud gunungan ingkang isinipun wulu wetu Kabupatèn Magêtan kadosta pala gumantung, pala kesampar pala wija, ugi pala kependhêm.

Tumpeng sêkawan wêrni mênika anggadhahi têgês filosofis mêkatên. (1) lesung menika anggadhahi têgês kawula Magêtan mênika kathah-kathah nyambut damêl wontên kebon utawi sabin. (2) gong menika wujud saking pakaryanipun warga Magetan mênika botên namung têtanèn kemawon ananging ugi saged ndamêl gamelan. (3) bedhug anggadhahi têgês bilih kathah-kathah kawula Magêtan menika ngrasuk agama Islam utawi minangka sarana dakwah, (4) ingkang awujud gunungan mênika anggadhahi têgês manunggaling cipta-rasa-karsa para kawula.

No comments:

Post a Comment