
Dursala gagrag Ngayogyakarta
(sumber:http://tokohwayangpurwa.blogspot.co.id/2009/10/dursala.html)
#NgajiTokohWayang
Dursålå inggih mênika salah
sêtunggaling paragå wayang. Dursålå punika kalebet simpingkan kiwå, gadhah
watak ålå kados déné putrå Desarastrå ingkang cacahipun satus. Dursålå menika
putranipun Dursasånå kaliyan Dewi Sultåni. Dursålå punika gadhah kesatriyan
wonten Banjarjunut, paparinganipun saking ibunipun.
Dursålå punika kondhang satriya
ingkang pilih tandhing. Sampéyanipun maguru dhateng Resi ingkang awatak ålå.
Rêsi ingkang dipunguroni dening Dursålå punika kathah sebatanipun. Ingkang
dados gurunipun Dursålå, inggih menika : Garudhåyakså (Aji; 2011), saha Begawan
Dewangkarå (Suroto; 2017). Ajianipun ugi beda-beda saben dhalang ngandharaken
titikanipun ajian. Wonten Aji, Ajianipun Dursålå punika anamå Gunturgeni
ingkang dayanpun sagêd ngêdalakên gêni saking bantalå kanthi sarånå
dipungrayang kaliyan èpek-èpek. Béda malih Suroto mahyakakên Ajianipun Dursålå.
Wonten Soroto Aji punika anama Aji Wimanasårå ingkang dayanipun sagêd
ngêdalaken angin ingkang mawa wiså mandi. Mêkatên kalawau têtandhingan
antawisipun dhalang mahyakakên ajian saking Paraga Dursålå.
Dursålå tiba apes. Sampeyanipun
pinejahan déning Gathutkaca wontên palagan ketiban Aji Narantakå. Dursålå,
satriya Banjarjunut pêjah sanalikå ketaman Aji Narantakå kagunganipun
Gathutkacå.
Dursålå satriya saking
Banjarjunut mati mbéla nêgarinipun. Sampéyanipun pêjah amargi liciking prabu
Duryudånå uwanipun Dursålå ingkang botên purun maringaken nagari Ngastina
dhatêng Kréndhah Pandhawå. Pêjahing Dursålå murwakani Baratayudå (perang putra
Barata).
Artinya (Ind):
Dursålå adalah salah satu tokoh
dalam wayang. Dursålå termasuk kedalam simpingan
kiwa, ia mempunyai watak yang jelek seperti putra-putra Desarastra yang
berjumlah seratus itu. Dursålå adalah putra dari Dursasana dan Dewi Sultani.
Dursålå mempunyai ksatriyan di Banjarjunut, warisan dari ibunya.
Dursålå adalah satriya yang pilih
tanding. Ia berguru kepada salah seorang resi yang juga mempunyai watak yang
jelek. Resi yang dimintai ilmu oleh Dursålå berbeda antara satu dalang dengan
dalang yang lain. Berikut beberanpa contoh guru dari Dursålå : Garudhayaksa
(Aji) dan Begawan Dewangkara (Suroto). Ajian yang didapat oleh Dursålå pun juga
berbeda-beda peyebutan dan efeknya. Aji mendeskripsikan Ajian itu dengan nama
Aji Gunturgeni yang kekuatanya dapat mengeluarkan api dari perut bumi dengan
sarana meraba bumi itu sendiri. Berbeda dengan Suroto mendefinisikan Ajian yang
didapat Dursla dari Begawan Dewangkara,
yaitu Aji Wimanasara. Aji Wimanasara mempunyai keampuhan yang dengannya Dursålå
dapat mengeluarkan kabut beracun yang mematikan. Itulah beberapa contoh
perbandingan antara dalang satu dengan dalang yang lain dalam medeskripsikan
Ajian milik Dursålå.
Dursålå apes, ia dibunuh oleh
Gathutkaca di tempat pertarungan karena terkena Aji Narantaka. Dursålå, satriya
Banjarjunut tewas seketika terkena Aji Narantaka kepunyaan Gathutkaca.
Dursålå satriya dari Banjarjunut
tewas dalam membela negaranya. Ia mati karena liciknya Prabu Duryudana,
pamannya sendiri yang tidak mau memberikan negara Ngastina kepada sauradanya Pandhawa. Tewasnya Dursålå
mengawali Baratayuda (Perang putra Barata)
Sumber:
Aji, Kukuh
Bayu.(2011).”Tumuruning Aji Narantaka”. https://www.youtube.com/watch?v=oaBRQ4uTvtg&list=PLnx-c7FWve6nx1yXRO2pJPZxIN0NevNrV
.(Maret 2016).
Suroto,
Anom.(2017).”Wisanggeni Gugat”. https://www.youtube.com/watch?v=M0m6Q6PwXSU
(Juli 2017)
No comments:
Post a Comment