Tuesday, 5 April 2016

lair

tanggal siji wanci awan. wulan iki aku lair ana ing dunya, pasaran pahing dina jum'at manjing jum'atan. awan-awan pas iki dina aku siyap siyap ngadhepi tatanangan urip sing bakal ngrusak jiwaku , batinku, uga awaku.
okeh wong ngomog bakale aku mengko bakal kelair ana ing marcapada sing marai rusak . rusak? apaku sing rusak? lha wong aku iki biasa wae , ora ana sing rusak. mung ngapusi paling sing jenengane wiku apa kae sing sok keminter, jarene sia nyangga bumu liwat tetembungan sing ora-ora.
aku ya biasa misuh, nyolong, ngombe, main, apa-apa tak lakoni kanthi iklhlas ora ana peksan saka ngendi-endi. upaama konangan ya paling bonyok digebugi warga.  upakarane kerepku ya isa hilang saka ngalam donya iki, njur ora ketok  mata. yaka angin mlaku sing ora ketok nanging krasa, ujug-ujung baraneg ilang.iya kuwi aku.

abange lombok, ijone godhong, mabuure angen angen, ya wis ngono wae pating pencololot ora karu karuwan. urung isa ketata, apa sing kelair marang donya iki. padhange mbulan, panase srengenge ilang sirna saka panase pakaryane manungsa kaya aku.

budhal ngarit ana suket kang ngribedi angen-angenku, ana mbulan kang ilang sorote, suket kuwi ngomong babagan wisa sing parai atiku tatu. ora-ora ana. aku ora ajur ning marca paca iki.

juruh kuwi rasane malih pait, paite ngluwihi bratawali sing buyasae tak ombe.watu-watu candi sing mbegegeg menneng ora isa bah caturan marang mega ing angkasa. manuk sing mabur saiki wis dadi bathang ora mabur maneh. suwe-suwe ilang cahyane mata, sunare lambe, padhange hawa. nanging aku isih urung ngerteni apa sing aran marcapada.

bayu tunggal kuwi jare sedulurku, sedulur tunggal sing nafas ambegane padha karo aku. nanging ya kepeksa aku bmabur kahyangan kanggo takon karo bethara guru, apa tah sing njadlari ruwweting pamikirku.

aja wedi kelangan nyawa, ngono jare cocote bethara guru. rumangsamu aku iki urip apa? aku mati, aku mung lulang sing digambari, sing nglakoke aku dhalang. jajal takon dhalang. dhalang tak tekoni ora ngreti sing jare ngreti sing ngdundang dhalang kanggo pentas neng platarane kana. njajal tak goleki pancet ota ketemu. isih ana marcapada.

tahu, tempe, bakwan, teh anget. sore kuwi aku njajal ngopeni lejare nalar, karo pangimpenku kanggo ngerteni apa sing diarani marcapada. marca pada apa kaya tai sing najis? apa kaya wong lagi kumpul bojo sing endah tur nengsemi? apa kaya konang sing mung sagebyaran padhang, apa kaya lendhut lapindo?

terus tak goleki nganti tekan saiki aku nulis barang sing ora mutu, barang bosok, sampah, saka pangrasaku sing bosok, barang bosok, mbalih nang barang bosok. aku mulih nang omah, kowe ya neng omah, ora ana sing bakal urip anan kene. omahku ya omahmu.

segara anakan, segara pangangen-angen sing tak tulis iki kaya jurang tanpa wates kang ngilangke sejatiku. mubeng tanpa cahya. aku mlebu marang jurange tulisan. mendem tulisan. karepe isa mudhunke tensi jantung tibake malah ora mandheg-mandheg.

sakmene dhisik. urung rampung aku nggoleki apa sing dikarepke karo cocote wong wasis babagan marcapada.

No comments:

Post a Comment